Monday 9 February 2015

Pitutur jawa soblack

Rejeki iku ora bisa ditiru, senajan padha lakumu, senajan padha
dodolanmu,senajan padha kerjananmu, hasil sing ditampa bakalan beda,
iso beda ning akehe bandha, bisa uga ana ning rasa lan ayeme ati yo iku
sing jenenge bahagia. Kabeh iku saka tresnane Gusti Kang Maha
Kuwasa, sapa temen bakal tinemu, sapa Gelem rekasa bakal mulya, Dudu
akehe kang dadi ukurane ananging berkahe sing gawe cukup lan
nyungkupi sekabihane.
Wis ginaris nyata ning takdire manungsa yen apa sing urip kwi wis
disangoni saka sing kuwasa, dalan urip lan pangane wis cemepak cedak
kaya angin sing diserot mbendinane, nanging kadang manungsa sulap
matane lan peteng antine, sing adoh saka awake katon padang cemlorot
ngawe-ngawe, nanging sing cerak ning ngarepe ugo dadi tanggung
jawabe di sia-sia kaya ura nduwe guna .
Rejeki iku wis cemepak saka Gusti ora bakal kurang anane kanggo
nyukupi butuhe menungso saka lair tekane pati, nanging yen kanggo
nuřuti kerep menungsa sing ora ana watese, rasane kabeh cupet, ning
pikirane ruwet, lan atine marai bundet.
Welinge wong tua ndisek apa sing ana lakonono lan apa sing urung ana
aja di arep-arep yen wis tekan wancine bakal ana, semelehke atimu
ademke pikiiranmu ,yen wis dadi duwekmu mbesok bakal tinemu.
Lan Yen dudu jatahmu apa maneh kok rebut saka wong liya nganggo
cara sing ala, yo di enteni wae iku kabeh mung bakal gawe uripmu lara
rekasa lan angkara murka sak jeroning kaluwarga, kabeh iku bakal sirna
balik dadi sakmestine ning tekdire Gusti kang maha kuwasa.
Yen umpama ayem iku mung bisa di tuku karo sapa sing nduweni akehe
bandha, ndahno rekasa lan melase dadi wong ora nduwe, untunge ayem
tentrem wiluyeng iku sapa wonge bisa nduweni, ya iku sapa wonge sing
gelem ngleremke atine ing bab kadonyan, gelem ngerem kencenge
kekarepan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahke uripe marang
Pengeran.
KERJA PANCEN REKASA
REKASA MENEH YEN ORA KERJA

No comments:

Post a Comment