Thursday 26 June 2014

untuk orang tuaku

agem bapa lan biyung ingkang
kula
tresnani lan mugi tansah dipun
mulyaaken dening Pengeran, kula
putra lan putrine panjengan
ngaturaken mugi-mugi kathah
kanikmatan lan sehat wilujeng
saha
panjang yuswa,
kula nyuwun agunge
pangapura lan donganipun.
wis ora bisa maneh diukur tresna
sing di wenehna wong tuwa
marang
anak-anake,tanpa wates, paweh
katresnan tanpa njaluk piwales,
amerga putra lan putri iku mau
titipane sing gusti kang maha
Kuwasa
sing biyene di jaluk rina lan
wengi
kanggo ngancani besok yen wayah
tuwa sakdurunge pati.
Pengarepane muga besuk bisa
dadi
wong kang bekti marang Gustine
lan
nduwe guna kanggo liyane. Ora
lali
kirim donga kanggo ngedemke ati
wayah ngadep gusti Allah.
Petenge
kubur dadi padhang saka
dongane
anak sing bekti. Sepine kubur
dadi
nyenengake merga donga anak
sing
ora lali.
Ya mung iku penjaluke wong tuwa
Dadi anak sing bekti. senajan ora
bisa nyuguhke gebyare donya lan
dhuwure pangkat nalika isih
midak
donya, ananging bisa wenehi
ademe
pikir sak jeroning urip utawa
sakwise
pati.d
Kagem bapa lan biyung,Kula lare-
larenipun panjenengan nyuwun
pangapunten sepindhah malih.
Krentek ati kula dados lare kang
bekti,Senajan kasunyatan dugi
sepriki
dereng saget saestu ndamel
remen
lan bangane manah
panjenengan,Nan
ging saestu sampun dados tekad
kula
dados lare ingkang bekti lan
migunani.
Mugi Gusti Allah Ngijabahi Putra
panjenengan sing taksih megawe
dados
tiyang sae lan migunani
Salam,Rahyu

No comments:

Post a Comment